MBOTEN TANSAH GERSULA
Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.30 with No comments
السَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْمُتَّقُوْنَ،
وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ
الْكَرِيْمِ : يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ
اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Para
sedherek jamaah Jum’ah ingkang minulya.
Kita usahaaken saged tetep kiyat iman lan taqwa sinahosa
wonten kondisi punapa kemawon. Gesang punika boten lurus-lurus kemawon. Wonten kalanipun minggah, lan wonten kalanipun mandhap; saged dinten punika sae lan lancar, lan saged lintu
dinten awon lan sendhet; ima kahananipun padhang mbranang lan ima peteng
ndhedhet. Ingkang sedaya punika
sajatosipun dados ujian kangge kita, punapa kita badhe iman utawi kufur, punapa
kita badhe syukur utawi kufur, punapa kita tetep taqwa lan ta’at utawi lacut
lan duraka. Kalebet ujian sugih, mlarat, pangkat, drajat, punika ugi minangka
kangge nguji kita sedaya. Ayat-ayat suci pangendikanipun gusti Allah ing ngajeng punika mangga sami kita gatosaken. Allah ngendika ing QS. Al-Ma’arij : 19 – 21:
Artosipun :
“Satemene manungsa iku den ciptakake nduweni sipat nggersula tur
medhit.Nalika dhewekne kataman kasusahan dhewekne ngaru-ara.Lan nalikane
dhewekne merkoleh kebagusan, dhewekne banget medhite.”
Para sedherek, punikalah sifat manungsa, inggih sipat kita sedaya : gampil
nggersula, ngalu-alah utawi ngaru-ara menawi saweg nandhang kesisahan,
karupekan. Ananging rikalanipun dipun paringi kabegjan utawi kahanan ingkang
ngeremenaken, manungsa lajeng dados lena, kesupen utawi gantos srengat lan sanget kumetipun.
Kadospundi caranipun ngrubah sipat-sipat awon punika, supados dados
sipat-sipat ingkang pinuji? Kados pundi supados kita tetep saged dados manungsa
ingkang taqwa, sabar nalikanipun sisah lan syukur ing dalem kanikmatan? Ayat
saterasipun nerangaken perkawis punika :
Artosipun :
“Kejaba wong-wong kang njumenengake shalat. Kang dhewekne iku tetep ing dalem njumenengake salate.Lan wong-wong kang
ana ing ndalem bandhane cumawis bagian kang wus den temtoake (24)Kanggo wong
(meskin) kang njejaluk lan wong kang ora nduwe apa-apa (kang ora gelem
njejaluk”.
Para sedherek, inggih punika insyaallah
ingkang nyelametaken kita saking nggadhahi sipat nggersula lan medhit. Inggih
punika, purun nindakaken salat, tur ajeg lan langgeng. Purun ngedalaken
sedhekah, sae ingkang wajib utawi ingkang sunat, kangge sedherek ingkang
miskin, sae tiyang miskin kalawau nyadhong-nyadhong nyenyuwun utawi boten purun
nyuwun amargi lingsem lan perwira.
Para sedherek, mugi-mugi kita
sedaya saged nindakaken lan ngamalaken dhawuh Allah punika. Amien.
Categories: Khutbah
0 komentar:
Posting Komentar