SIFAT-SIFAT TIYANG MUKMIN
Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.40 with No comments
السلا م عليكم ورحمة الله وبركا ته
اَلْحَمْدُ
للهِ الَّذِى اَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ بِالْهُدَى
وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ
عَلى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ
كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ . اَشْهَدُ اَنْ
لآ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِ
يْكَ لَهُ . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْ لُهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ
اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ ( اَمَّا بَعْدُ )
فَيَا عِبَا دَاللهِ اُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِى بِتَّقْوَى اللهِ
. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَا
تِهِ وَلاَ تَمُوْ تُنَّ اِلاَّ
وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Minangka purwakaning atur
kula ngajak dumateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya,
mangga sami netepi taqwa dateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya
dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Mugi-mugi kita saget slamet wiwit
saking dunya ngantos akhiratipun.
Hadirin ingkang
minulya, Allah Swt. dhawuh wonten ing
Al-Qur’an:
Artosipun:
“Satemene wong-wong kang iman hiya iku wong-wong kang nalikane ditutur asma
Allah dhewekw padha gemeter atine, lan
nalikane diwacakake marang dheweke ayat-auaye Allah, imane dheweke malah
sangsaya tambah, lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakkal. (hiya iku)
wong-wong kwng njumenengake salat lan kang padha gelem nafkahake saperangan
sangka rizki kang wus Ingsun paringake marang dheweke “ (QS. Al-Anfaal : 2-3).
Hadirin
ingkang minulya
Ayat
kasebat ing nginggil paring pitedah dhumateng
kita magayutan
kaliyan sifat-sifatipun tiyang mukmin. Wondene sifat-sifatipun tiyang mukmin
lelambaran ayat kasebat kalawau, inggih
punika:
1.
Tiyang ingkang manawi dipun sebat asmanipun
Allah Swt. gemeter manahipun
Gemeter manahipun jalaran ajrih dhumateng Allah Swt. lajeng
nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah Swt. lan nilar sedaya
awisan-awisanipun. Sak lajengipun Allah dawuh:
Artosipun:
“Lan suprandene wong-wong kang padha wedhi marang kaagungan
Pangerane lan padha nyegah saka kapinginan hawa napsune.Mula satemene suwarga iku dadi papan panggonane.” (QS. An-Nazi’at :40-41)
2. Tiyang ingkang manawi dipun waosaken
ayat-ayatipun Allah Swt. sangsaya tambah imanipun.
Imam
Bukhari lan ugi imam-imam sanesipun kalebet miderek mazhab jumhur ulama sami
nyarujuki bilih iman punika saged tambah lan saged kirang. Lan iman wonten ing manah
punika nggadhahi sifat minggah lan mandhap. Allah Swt. dhawuh:
Artosipun
:
“Lan nalikane
diturunake sawijine surat, mula ing antarane dheweke kabeh (wong-wong
munafek)ana kang ngucap : “ Sapa toh ing antarane sira kabeh kang bisa tambah
imane sebab (tumurune) surat iki? Suprandene, wong-wong kang padha iman, mula
surat iki bisa nambahi imane, malah-malah dheweke kabeh padha ngrasa
bungah-bungah.”
(QS. At-Taubah :124).
3.
Tiyang ingkang tawakkal namung dhumateng
Allah Swt.
Tawakal punika
minangka pokokipun
keimanan. Tiyang mukmin punika boten nggadhahi pangarep-arep lan nggadhahi tujuan
sanes kajawi namung dhumateng Allah Swt. Allah Swt dhawuh:
Artosipun
:
“Lan namung
marang Pangeran dheweke padha tawakal.” (QS. Al-Anfaal [8]:2).
4. Tiyang ingkang nindakaken sadaya kesaenan
jalaran kiyatipun iman lan akidah ingkang sampun tumancep wonten ing manahipun.
Kalebet
amal kesaenan inggih punika tiyang ingkang sampun njumenengaken shalat kanthi sae minangka nyempurnakaken
hak-hakipun Allah Swt.. Njumenengaken shalat maksudipun tiyang ingkang sampun
saged njagi shalatipun; njagi wekdalipun, jagi anggenipun sesuci, njagi badan
lan papan panggenaipun saking najis, shalat dipun tindakaken kanthi khusuk, tumakninah,
lan shalat ingkang sampun saged mangertosi suraos lan maknanipun waosan shalat.
Allah swt. dhawuh:
Artosipun:
“Sak temene shalat iku sawijining kewajiban kang
ditemtokake wektune tumrap wong- wong kang padha iman.” (QS. An-Nisa’ [4]:
103).
5. Tiyang ingkang nafkahaken seperangan rijki
ingkang dipun paringaken Allah Swt.
Kalebet
pangertosan punika, bayar zakat lan sedaya hak-hakipun Allah Swt. sanesipun,
sahe ingkang wajib utawi ingkang sunnah.
Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Tiyang mukmin ingkang nyandhang sifat-sifat kados kasebat
ing nginggil kala wahu dipunsebat tiyang iman ingkang sayektos-yektosipun. Ingih
tiyang iman ingkang kados makaten punika kalawahu badhe pikantuk derajat
ingkang luhur lan pangapunten saha rijki ingkang agung saking ngarsanipun Allah
Swt. Kados
dhawuhipun Allah Swt.:
Artosipun :“Hiya
kaya wong mangkono mau wonh-wong kang iman kanthi sak bener-benere. Dheweke
bakal enthuk pira-pira derajat kang luhur sangka ngarsane Allah lan pangapura
sarta rizki(nikmat) kang agung.”
(QS.
Al-Anfaal [8]:4).
Jamah
jum’ah rahimakumullah
Mekaten engkang saget kula aturaken, mugi-mugi kita saget kalebet
tiyang mukmin engkang sak leres-leresipun . Amin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ
وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى
لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ
اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
Categories: Khutbah
0 komentar:
Posting Komentar