KAUTAMANE WULAN SYA’BAN
Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.44 with No comments
السلا
م عليكم ورحمة الله وبركا ته
اَلْحَمْدُ
للهِ الَّذِى اَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ بِالْهُدَى
وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ
عَلى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ
كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ . اَشْهَدُ اَنْ
لآ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِ
يْكَ لَهُ . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْ لُهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ
اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ ( اَمَّا بَعْدُ )
فَيَا عِبَا دَاللهِ اُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِى بِتَّقْوَى اللهِ
. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَا
تِهِ وَلاَ تَمُوْ تُنَّ اِلاَّ
وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Para sedherek Muslimin ingkang minulya.
Mangga
kita tansah ningkataken taqwa dumateng Allah wonten ing sedaya wekdal lan
kawontenan.Tegesipun tansah nindakaken dhawuhipun Allah sarta nebihi sedayo
awisanipun.Sebab Kita sami yakin bilih kanthi taqwa dateng Allah gesang kita
badhe dipun ridlani , badhe pikantuk keslametan ingkang sejati wiwit donya
ngantos akhiratipun.
Jamaah
Jum’at rahimakumullah,
Dadosaken kawigatosan bilih antawisipun tandha-tandha
(ayat-ayat) engkang dipun dadosaken Gusti Allah Ingkang Maha Luhur saha Maha
Peparing, kangge pangajaran dumateng tiyang-tiyang ingkang winasis sarta lantip
pamikiranipun injih menika ngaweruhi kaweruh wilangan tahun sarta
petung-petungan, kados dene ingkang sampun dipun ngendikaaken Alah SWT :
هُوَ الَّذِي
جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا
عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللَّهُ ذَلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ
يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ. إِنَّ فِي اخْتِلَافِ اللَّيْلِ
وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ
لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ
Artosipun
:
“Panjenengane (Gusti Allah) kang ndadekake srengenge mawa sinar lan rembulan
ngemu cahya lan netepake manzilh-manzilah (panggonan mubenge dhewe-dhewe)
tumrap lakune rembulan iku, supaya sira kabeh weruh marang etungan taun lan
etungan (wektu). Gusti Allah ora nyiptakake kang mengkono iku kajaba kanthi haq. Lan
panjenengane nudhuhake tandha-tandha (keagungan-E) marang wong-wong kang
ngerti. Sejatine ana
ing gilir gantine wengi lan rina lan ana ing perkara kang diciptakake Gusti
Allah ing langit lan ing bumi, bener-bener ana tanda-tanda (kekuwasaan-E)
tumrap wong-wong kang padha takwa."
(QS. Yunus, 10
: 5-6)
Para sedherek,
kaum muslimin ingkang minulyo.
Miderek
ajaran agami Islam, salebetipun wekdal 24 jam meniko wonten wekdal-wekdal
ingkang mengku kautaman. Semanten ugi salebetipun 7 dinten (setunggal minggu)
sarta setunggal wulanipun ingdalem setunggal tahun.
Kangge
kita para muttaqin sedaya wekdal kala wau dados tandha-tandhanipun Gusti Allah
Ingkang Maha Kuwaos. Pramila kita kedah anyukuri taksih saget pepanggihan
kaliyan wekdal-wekdal kala wau. Artosipun , sampun ngantos wonten wekdal
ingkang gothang sangking tumindak ngabekti, lan manembah. Langkung-langkung
wonten salebetipun wekdal ingkang mengku kautaman kados wulan Sya’ban meniko.Dene Sya’ban punika sak utama-utamane wulan
sak sampunipun wulan Ramadhan. Menawi Wulan Ramadhan sautama-utamanipun wulan
ing dalem setunggal tahun keranten setunggal wulan muput kita umat Islam
kajibahan kewajiban siyam Ramadhan lan wonten salah setunggalipun ndalu
langkung utami tinimbang setunggal ewu wulan. Menawi wulan Saya’ban
sautama-utamanipun wulan ing dalem setunggal tahun sasampunipun wulan Ramadhan
keranten mboten wonten wulan sanesipun ingdalem setunggal tahun ingkang Rasulullah
SAW. langkung kathah ngelampahi pasa sunnah kejawi wonten wulan Sya’ban meniko.
Dipun
ngendikaaken dening ulama : “Lan anata sira kabeh ngaweruhi, he para
menungsa. Sababe Nabi sira kabeh kang kadunungan sautama-utamane sholawat lan
salam, marang sasi kang barokah kanggo ngelakoni pasa (sunnah) iki ? Kerana sak
temene ingdalem sasi iki diaangkat ngamal-ngamal marang ngarsane Gusti Pangeran
sira kabeh Ingkang Maha Luhur. Den criosaken sangking Usamah bin Zaid ra.,
ingkang ngendika : “Ingsun nate takon, “He Rasulullah, ingsun mboten
mangertosi panjenengan (langkung kathah) ngelampahi pasa (sunnah) sawulan
wonten wulan Sya’ban tinimbang sangking wulan-wulan sanesipun?” Rasulullah saw
ngendika, “Sasi iki minangka sasi kang menungsa padha kalepyan (lali), sasi antarane
Rejeb lan Ramadhan, yaiku sasi kang indalem sasi iku ngamal-ngamale menungsa
den angkat marang ngarsane Gusti Pangerane alam saisine tumuli ingsun dhemen
yento ngamal-ngamal ingsun diangkat lan ingsun ngelakoni pasa.” (HR. Ahmad
lan Nasa’i).
Yektos nampi kabegjan saestu tiyang ingkang dipun angkat
ngamale sarta piyambakipun anyekseni pituduh kaangkatipun ngamal kalawau wonten
ngajengipun piyambak. Lajeng satunggalipun pitulungan (syafa’at) paring
sabiyantu dumateng piyambakipun tumuju marang ngarsanipun Gusti Pangeran
Ingkang Maha Luhur ingdalem katrimahipun ngamal ingkang dipun lampahi.
Para sedherek,
kaum muslimin ingkang minulya.
Kosok
wangsulipun , yektos
temen nampi kapitunan tiyang ingkang salebetipun wulan menika taksih dhemen
padhon-pinadhon lan satron-sinatron antawisipun sasami-sami ingkang ngugemi
ngagem agemaning agami Islam. Mangga sami kita perhatosaken pangenget-engetipun
ulama meniko :
“Kaweruhana, he para menungsa, sak temene rina
lan wengi loro-lorone iku minangka gedhong panyimpenan. Tumuli kaweruhana apa
kang sira simpen ingdalem gedhong iku, kabecikan apa satron-sinatron ?”
Salajengipun :
“Tumuli dadia sedulur ingsun sasama muslim
saperangane wong kang nampa kabegjan kang padha ngrupaka mangsa-mangsa
kabecikan sarta mangsa-mangsa kautamane sasi, dina, lan jam. Lan padha taqarrub
(anyaketi) sira kabeh marang Gusti Pangerane dheweke kabeh kanti manut miturut
marang parintah-parintahe. Muga-muga dheweke kabeh antuk kacipratane kautaman
lan welas asih kang lumeber. Tumuli padha nampa kabegjan sira kabeh kelawan
kabegjan kang nyelametake sangking siksa neraka.”
Para sedherek,
kaum muslimin ingkang minulya.
Mekaten
engkang saget kula aturaken mugi-mugi kita saget nindaaken sedaya
dawuh-dawuhipun Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ
وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ
هذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ
مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Categories: Khutbah
0 komentar:
Posting Komentar