AMAR MAKRUF LAN NAHI MUNGKAR
Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.34 with No comments
إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْمُتَّقُوْنَ،
وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى،ُ قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ
الْكَرِيْمِ : يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ
اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Para
sedherek Muslimin ingkang minulya.
Mangga kita
tansah ningkataken taqwa dumateng
Allah wonten ing sedaya wekdal lan kawontenan.Tegesipun tansah nindakaken
dhawuhipun Allah sarta nebihi sedayo awisanipun.Sebab Kita sami yakin bilih kanthi
taqwa dateng Allah gesang kita badhe dipun ridlani , badhe pikantuk keslametan
ingkang sejati wiwit donya ngantos
akhiratipun.
Para
sedherek, setunggalipun ayat Al-Qur’an ngendikaken :
“Lan supayaha ana ing antarane sira kabeh
sagolongane umat kang ngajak-ajak tumuju marang kebagusan, padha printah marang
kang makruf lan nyegah saka kang mungkar; hiya dhewekw kabeh iku wong-wong kang
nemahi kauntungan.” (QS. Ali Imran: 104)
Para sedherek, ingkang dimaksud kaliyan “makruf”
wonten ayat punika, inggih sedaya tumindak lan tingkah laku ingkang saged
njalari dados caket kaliyan Allah, dene “mungkar” sedaya perkawis
ingkang nebihaken saking Gusti Allah.
Saking ayat punika kita saged mendhet
pangertosan bilih kita umat Islam, utawi minimal sebagianipun, punika kedah
wonten ingkang nindakaken tugas saking Allah swt, ngajak-ajak dhateng margi
kesaenan; tumut nyiptakaken situasi masyarakat ingkang mashlahah ingkang sami
tumuju dhateng tingkah polah ingkang makruf lan nebihi perkawis-perkawis
mungkar. Dados para alim, kyai, ustadz, guru ngaji, tokoh-tokoh masyarakat,
punika bertanggungjawab amrih tumatanipun umat punika adhedhasar
prinsip-prinsip kesaenan kadosta : guyub rukun (lan nebihi pasulayan ingkang
berlarut-larut), tepa selira (lan nebihi rumaos beneripun piyambak),
tulung-tinulung (lan boten bersikap mentingaken urusanipun piyambak), andhap
asor (lan boten kumalungkung), sarta sedaya tindakan ingkang dipun rilani lan
dipun dhawuhaken dening Gusti Allah.
Ananging ingkang nami “ajak-ajak utawi
dakwah”, lan ingkang dipun maksud kaliyan tumut ‘menciptakan tatanan
masyarakat’ temtu cara lan dalanipun warni-warni, sesuai kaliyan kemampuan lan
kondisinipun. Saged kanthi ilmu, saged kanthi bandha, saged ugi tenaga, lan saged
ugi kanthi pengaruh utawi panguwasa. Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika :
َمنْ
رَأَى ِمْنكُمْ ُمْنكَرَا َفْلُيغَيِّرْهُ ِبَيِِدهِ فَإِنْ لَمْ َيْستَطِعْ
فَبِلِسَاِنِه َوَمْن َلْم َيْستَطِعْ فَبِقَلْبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ اْلإيمَان
(رواه مسلم)
Artosipun :
Artosipun :
“Sapa
wae saka seliramu kabeh ana sing weruh kemungkaran mula owahana (dadi makruf)
nganggo tangane (kekuwasaan, pengaruh). Ewodene ora mampu kanthi tangan, ya
dakwaha nganggo lisane (ceramah, khotbah, ugi termasuk tulisan). Lan yen wong
ora mampu karo-karone mula sing penting bisa njaga atine, ananging iku level
iman sing paling ringkih. “ HR. Muslim
Categories: Khutbah
0 komentar:
Posting Komentar