WASPADA DATENG GARWA LAN PUTRA

Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.28 with No comments




         السلا م عليكم ورحمة الله وبركا ته
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى اَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ بِالْهُدَى  وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ  عَلى الدِّيْنِ  كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ  . اَشْهَدُ اَنْ لآ اِلهَ اِلاَّ اللهُ  وَحْدَهُ   لاَ شَرِ  يْكَ   لَهُ  . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ  اَجْمَعِيْنَ اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ ( اَمَّا بَعْدُ )   فَيَا عِبَا دَاللهِ   اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى  بِتَّقْوَى  اللهِ  .  اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَا تِهِ  وَلاَ تَمُوْ تُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن
Para Para sedherek Muslimin ingkang minulya.
Mangga kita  tansah ningkataken taqwa  dumateng Allah wonten ing sedaya wekdal lan kawontenan. Tegesipun tansah nindakaken dhawuhipun Allah sarta nebihi sedayo awisanipun. Sebab Kita sami yakin bilih kanthi taqwa dateng Allah gesang kita badhe dipun ridlani, badhe pikantuk keslametan ingkang sejati wiwit donya ngantos akhiratipun

Jamaah Jumuah rahimakumullah,
Anak punika wonten sekawan rupi-rupinipun.
1.  Anak saged dados fitnah, dados cobaan lan ujian. Tiyang sepah saged nampi cobi ingkang ageng sarta dados kedungsang-dungsang amargi tumindak lampahipun putra piyambak. Menika naminipun anak dados fitnah.
2.  Punika langkung bahaya malih, inggih anak dados mengsah dhateng tiyang sepahipun. Menawi kita boten ngatos2 anggen ndhidhik, mulang wuruk lan milihaken lare wonten lembaga pendhidhikanipun, saged putra justru duraka lan dados mengsah. Sae punika amargi sebab ekonomi utawi saged ugi sampun benten aqidah lan keyakinan. Allah ngendika:
 
Artosipun :
“He wong-wong kang padha iman, satemene ing antarane bojo-bojo ira iku ana kang dadi mungsuh marang sira kabeh, mula ngati-ngatiha sira kabeh saking dhewekne kabeh; lan lamun sira kabeh padha aweh maaf lan ora mbendoni lan aweh ngapura (marang dhewekne kabeh) mangka satemene Allah Maha ngapura tur Maha Welas.Satemene bandha-bandha ira lan anak-anak ira kabeh iku namung coba (keduwe sira kabeh); lan ing ndalem ngersane Allah ana ganjaran kang agung. Mangka padha takwaha sira kabeh marang Allah miturut kakuwatan ira kabeh lan padha ngrungokna lan padha ngabektiya lan padha sedekaha sira kabeh kelawan kang luwih bagus kanggo awak ira kabeh. Lan sapa wonge kang den reksa saking medhite awake, mangka dhewekne kabeh iku wong-wong kang padha beja.( At Taghabun : 14-16)

Para sedherek ingkang minulya,
3.     Anak dados pepaes utawi hiasan (zinatun). Wonten donya mriki anak ketawis saged ngeremanaken lan dados pepaes kagem tiyang sepah lan kulawarganipun, sinahoso dereng mesthi damel sae kangge akhiratipun. Allah ngendika :

Artosipun:
“Bandha lan anak-anak iku minangka pepahese kahuripan ndonya, ananging amalan-amalan kang langgeng tur saleh oku sejatine luwih bagus ganjarane ana ing ngersane Pangeran ira sarta luwih bagus-baguse perkara kang diarep-arep.” ( QS. Al-Kafi : 46)
                                                                        
4.  Ingkang paling utami inggih punika anak minangka dados “qurratu a’yun”, utawi ingkang maremaken mripat lan manah. Punikalah anak sholih, ingkang boten namung migunani lan ngeremenaken wonten ndonya kemawon ananging ugi wonten akhirat samangke. Mila kita dipun anjuraken supados asring nyuwun dhateng Allah supados anak turun kita sedaya punika dados keturunan ingkang qurratu a’yun, ingkang damel ngeremenaken paningal lan manah, keturunan ingkang sholih lan sholihah, lare-lare ingkang sehat jasmani rohani lan agami, sukses donya lan akhiratipun.

Jamah Jum’ah rahimakumullah
Punikalah idami-idamanipun kita para tiyang sepah sedaya. Mugi Allah ngijabahi. Amin. 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.


Categories: