ASORING DERAJAT MANUNGSA
Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.18 with No comments
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُِللهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
حَمْدًاكَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلُّ حَالٍ الَّذِى قَدْ اَوْجَبَ
مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلٰهَ اِلااللهُ
وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ,
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ
وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ
اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآاَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
Kaum Muslimin Jama’ah Jum’ah
Rahimakumullah
Mangga
kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah, inggih
punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya
awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan wiwit
dunya dumugining akherat samangke.
Para Sederek Ingkang Minulya
Mangga sesarengan kita sinau lan mbudidaya,
inggih punika; shalat fardhunipun dipun sempunakaken, shalat sunnahipun dipun
tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun
jumbuhaken saha dipun ngrembakaaken, masjid, langgar lan mushala dipun
makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge
pedoman gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturahimipun dipun
lestantunaken, sahingga tansah rumaos andhap ashor lan prasoja, gedhe athi lan
cilik ing pamrih. Meniko minangka wujud taqwa lan syukur kita dhateng Allah.
Amargi taqwa mboten namung lelamisan ing lathi lan boten namung
pengangen-angen, ananging iktiqad ingkang sampun manggen ing athi dipun
ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi amal ibadah.
Jama’ah Jum’ah Rohimakumullah.
Mangga kita muhasabah,
ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak, kanthi menggalihaken
dhawuhipun Allah SWT:
Artosipun: Lan satemene
Ingsun ndadekake kanggo isine neraka Jahanam akeh-akehe sangka jin lan
manungsa, dhewekw padha nduweni ati,
ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dhewekw padha
nduweni kuping (ananging) ora padha digunakake kanggo ngrungokake (marang
ayat-ayate Allah). Dheweke kuwi kaya dene raja kaya, malah dhewekw luwih
kesasar maneh. Hiya dheweke kuwi wong-wong kang padha lali. (QS. Al A’rof: 179)
Hikmah saking ayat punika:
1. Akeh-akehe
jin lan manungsa badhe mlebet ing neraka jahannam amargi mboten saged ginakaken
fungsi ati, mripat lan telingan kangge ningali perkawis ingkang leres lan haq.
2. Manungsa
ingkang mboten saged angginakaken fungsi ati, mripat lan telingan dipun
umpamakaken kados kewan ingon-ingon, malah langkung asor malih. Na’udzubillah.
Jama’ah Jum’ah Rohimakumullah.
Sajatosipun
ngibadah dhateng Allah punika kedah dipun tindakaken kanthi istiqomah, inggih
punika tansah ningkataken syukur dhateng Allah ing wekdal piyambakan punapa
sareng tiyang sanes, sae ing wekdal sela punapa wekdal sumpek, sae ing wekdal
sugih utawi miskin, sae ing wekdal sehat utawi sakit, sae ing wekdal nem utawi
sepuh.
Tiyang Jawi mastani agama
inggih punika ageman, ageman ingkang resik, syukur dipun gosok lan dipun
paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur ambetipun ingkang
wangi, luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam menawi dipun
tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan dhateng pribadi,
keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun tindakaen kanthi ikhlas,
inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah. Ngibadah dhateng
Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi sedaya tumindak manungsa
mesthi wonten godha lan rubidanipun.
Jama’ah Jum’ah Rohimakumullah.
Tiyang
Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, insya Allah
badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking
Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun
paringi kanugrahan tanpa upami, boten saget dipun etang. Sahingga tiyang punika
boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal
ibadahipun dhateng Allah. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita
sedaya, lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang
dereng insaf.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ
وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى
لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ
اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
Categories: Khutbah
0 komentar:
Posting Komentar