PADOS REJEKI LAN BEROBAT SAKING PENYAKIT

Posted by KUA GRABAG SATU PURWOREJO on 20.43 with No comments




السلا م عليكم ورحمة الله وبركا ته
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى اَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ بِالْهُدَى  وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ  عَلى الدِّيْنِ  كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ  . اَشْهَدُ اَنْ لآ اِلهَ اِلاَّ اللهُ  وَحْدَهُ    لاَ شَرِ  يْكَ   لَهُ  . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ  . اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ  اَجْمَعِيْنَ  اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ ( اَمَّا بَعْدُ )   فَيَا عِبَا دَاللهِ   اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى  بِتَّقْوَى  اللهِ  .اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَا تِهِ  وَلاَ تَمُوْ تُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Minangka purwakaning atur kula ngajak dumateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga sami netepi taqwa dateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Mugi-mugi kita saget slamet dunya ngantos akhiratipun.
Jamaah Jumah rahimakumullah
Allah Subhanahu wa Ta’ala  sampun anjanjikaken bilih saben-saben makhluk ing bumi punika mesti  angsal  rejki . Allah dawuh :

Artosipun :
Lan ora ana satukewan kang gumreget ana ing lumahe bumi kajaba Gusti Allah kang nanggung rejekine. Lan panjenengane (Gusti Allah) pirsa marang panggonan netepe kewan iku lan disimpene. Sakabehe katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauh Mahfudz). QS Hud : 6

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Nalika pados rejeki kedah ngangge prinsip milah lan milih rejki kang halal. Mekaten ugi nalika dipun cobi arupi gerah, mila kedah kalandasan pengobatan kang den syariatkaken agami, Pramila Mangga  kita ngeningaken piwucal ngengingi cara pikir kang kedah wonten ing pribadi setunggaling tiang muslim. Inggih punika antawisipun:
1.    Rejeki saben manungsa ugi sedaya makhluk sampun dipun jamin Allah
وَكَأَيِّنْ مِنْ دَابَّةٍ لا تَحْمِلُ رِزْقَهَا الله يَرْزُقُهَا وَإِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun :
Pirang-pirang kewan kang padha nggremet ora bisa nanggung (ngurusi) rejekine dhewe. Hiya Allah wae kang maringi rejeki marang dheweke kabeh mahu lan marang sira kabeh, lan Panjenengane Allah iku Maha Midhanget tur Maha Mirsani.” (QS. Al Ankabut: 60).
2.     Rejeki saben manungsa sampun dipun takdirkaken Allah Ta’ala
Hasan Al Bashri rahimahullah nate dipun suwuni pirsah: “Munapa Rahasia zuhud ing dunya?” piyambakipun pareng jawaban,engkang artosipun:
kawula sumerep bilih rejekiku mboten bakal  wonten kang mendet lintunipun kawula, mila anteng babagan rejeki, lan kawula wus sumerep bilih ilmuku mboten bakal  wonten kang nindakaken lintunipun kawula, mila kawula nyibukaken ing ilmu,kawula sumerep bilih Allah tansah ngawasi kawula, mila kawula isin nalika nindakaken  maksiat, kawula sumerep bilih kematian bakal njemput kawula, mila nyiapkaken  bekal ketemunipun kaliyan Pangeran.”
3.    Saben  manungsa mboten bade dipun cabut nyawanipun ngantos    sempurna rejeki kang dipun takdirkaken
Rasulullah dawuh:
عَنْ جَابِرِ بْنِ عَبْدِ الله رضى الله عنه قَالَ قَالَ رَسُولُ الله -صلى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله وَأَجْمِلُوا فِى الطّلَبِ فَإِنَّ نَفْسًا لَنْ تَمُوتَ حَتَّى تَسْتَوْفِىَ رِزْقَهَا وَإِنْ أَبْطَأَ عَنْهَا فَاتّقُوا اللهَ وَأَجْمِلُوا فِى الطَّلَبِ خُذُوا مَا حَلِّ وَدَعُوا مَا حَرُمَ
Artosipun :
Jabir bin Abdillah radhiyallahu ‘anhu mucal: ‘Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh, “hai manungsa, tindakna takwa dumateng Allah lan damel kesaenan nalika madosi (rezeki),jalaran saben kang anggadahi nyawa pejah ngantos piyambake sempurna rezekine, sinahoso nate kantun dumateng piyambake, mila tumindakna takwa dumateng Allah lan mbeneri nalika madosi (rezeki), (yaiku) munapa kang halal tuwin  tinggalna  munapa kang diharamkaken.” (HR. Ibnu Majah).
4.     Allah kang paring kesarasan tumrap manungsa

 
 “Lan rikala ingsun lara, Panjenengane kang marasake ingsun.” (QS. Asy Syu’ara:80).
عَنْ عَائِشَةَ رَضِىَ اللهُ عَنْهَا أَنّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ إِذَا أَتَى مَرِيضًا أَوْ أُتِىَ بِهِ قَالَ أَذْهِبِ الْبَاْسَ رَبَّ النّاسِ ، اِشْفِ وَأَنْتَ الشَّافِىْ لاَ شِفَاءَ إِلاَّ شِفَاؤُكَ ، شِفَاءً لاَ يُغَادِرُ سَقَمًا
“Aisyah radhiyallahu ‘anha paring riwayat bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nalika njenguk tiang sakit Rasul dedonga: “Adz-hibil ba’sa robban naasi, isyfi wa antasy syaafi, laa syifaa-a illa syifaa-uka, syifa-an laa yughodiru saqoman” (duh gusti mugi paring ical  penyakit.., duh Pangeran kang nguasani sedaya manungsa .. ,mugi paring saras  sakestunipun paduka kang Maha Paring Kesarasan, mboten wonten kesarasan lintunipun saking pangeran, kesarasan kang mboten ninggalkaken  satunggiling  penyakit munapa 2).” (HR. Bukhari).
Lan Allah paring perintah tumrap kita supados boten berobat kanti perkawis  kang haram. Mangga kita ngeningkaken pawulang saking shahabat Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, saking Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu ‘anhu:
إنَّ الله لَمْ يَجْعَلْ شِفَاءَكُمْ فِيمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ
Saktemen  Allah mboten damel kesarasan saking barang kang  den haramkaken tumrap sira.” (HR. Bukhari).
5.     Penyakit minangka penebus dosa
“Sa’ad bin Abi Waqqash radhiyallahu ‘anhu nyuwun pirsa dateng Rasul , “Duh Rasulullah, manungsa munapa kang paling awrat ujianipun?” Panjenenganipun dawuh, “Para Nabi banjur wong-wong sak ngisore.Salah sawijine wong  diuji jumbuh karo (kualitas) agamane, upama kuat mila ditambah ujiane, lan menawa agamane ringkih den uji jumbuh karo kekuatan agamane. Tansah ana  ujian tumrap salah sawijining wong nganti akhire ora duwe dosa.” (HR. Ibnu Majah)
Jamaah jumah Rahimakumullah , mekaten engkang saget kula aturaken mugi-mugi kita saget ngleksanaken menapa engkang dipun perintahaken Gusti Allah Rasulipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
Categories: